Saturday, January 5, 2013

DEGRADASI KATA-KULTUR-HABITUS

Matun : menyiangi rumput di sawah sebagai kompetitor padi
Cikar : angkutan gabah untuk ditransportasi ke yang dimauinya
Ndaud : memindah benih padi dari bedengan untuk ditanam



Tradisi "kemit" merupakan tradisi dari leluhur yang terus dilakukan dalam menjaga panenan karena banyaknya pencuri yang tak bertanggung jawab dan punya kesaktian mistis. "Karena takut dicuri hasil panenan maka harus dijaga," Untuk menghindari hal-hal yang tidak diinginkan, maka bagi keluarga yang mampu rela merogoh kocek untuk menyewa orang untuk "ngemit".
Nderep : menyiangi padi 


mbekso : menari di suatu pertunjukan




Angon kebo (menggembala kerbau)


Tandur (menanam padi)


Nglajo (menjadi buruh tani)


Lumbung pari (lumbung padi)


SUASANA NDESO

Hingar Bingar Ndeso





Pitutur jawi ingkang adiluhung warisanipun para leluhur.
  • Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, supaya samangsa ana wolak-waliking jaman ora kisinan.
  • Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
  • Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Gusti Allah lan diwelehake dening tumindake dhewe.
  • Wataking manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Gusti Allah iku bakal maringake panguwasa miturut kersane Gusti Allah pribadi.
  • Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.
  • Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
  • Manungsa saderma nglakoni, kadya wayang saumpamane.
  • Mulat sarira, tansah eling lan waspada.
  • Sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.
  • Sing sapa salah seleh.
  • Nglurug tanpa bala, sugih ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa ngasorake.
  • Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan, yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.
  • Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe.
  • Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe bakal ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
  • Wani ngalah luhur wekasane.
  • Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh wohing pakarti.
  •  Sing sapa lali marang kabecikan liyan, iku kaya kewan.
  • Ajining dhiri iku dumunung ana ing lathi lan budi.
  • Yitna yuwana, lena kena.
  •  Becik ketitik, ala ketara.
  • Klabang iku wisane ana ing capite. Kalajengking wisane mung ana pucuk buntut (entup). Yen ula dumunung ana untune kang mawa wisa. Nanging yen durjana wisane dumunung ana ing sakujur badan.
  •  Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
  • Mumpung enom ngudiya laku utama.
  • Sing prasaja, percaya marang dhiri pribadi.
  • Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
  • Wong mati iku bandhane ora digawa.
  • Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
  • Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
  • Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
  •  Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu.
  • Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
  • Turuten pituture wong tuwa.
  • Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pahit).
  • Wong pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.
  • Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang bisa gawe senenging ati. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane.

No comments:

Support web ini

BEST ARTIKEL