Friday, June 5, 2015

LATIHAN BOSO JOWO

Belajar bahasa Jawa. Sejenak istirahat:



Sore iku Heru lagi numpak sepeda motor, nggoleki omahe Jumiatun, kenalan anyar oleh saka pesbuk..Rumangso kesasar, Heru langsung mbukak pesbuk.. terus inbox-an nang akune FB Jumiatun..
Heru : "Halo Yang Jum.. aku wis teka daerahmu iki.. Terus mlebu gang sing endi..?
"Jumiatun : "Sing enek gapurane Mas, terus sampeyan lurus kira-kira 25 meter ono omah gedung tingkat apik, warnane biru, mobile akeh..
" Heru : "Siap..! aku wis teka kono.. iki omahmu to Jum..?"Jumiatun : "Dudu Mas sampeyan belok kanan kira-kira 10 meter ono lapangan badminton.. Lha sebelahe lapangan iku.."Heru : "Pasti iku omahmu yo Jum..?"Jumiatun : "Iku omahe tukang jahit Mas.. Lurus ae mengko mari jembatan ketemu omah, ono tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."Heru : "Mesti iku omahmu khan..?" Jumiatun : "Iku jenenge konter Mas.. sampeyan belok kanan ae, terus ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.."Heru (wis arep ngamuk) : "Omahmu Jum..?"Jumiatun : "Iku gerbang kuburan Mas.. sampeyan ojo mlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko weruh peternakan bebek gede iku.."Heru (kudu ngamuk temenan) : "Aaarggh..! Iku omahmu to..?"Jumiatun : "Aku dudu bebek Mas.. iku isih lurus terus.... mengko ketemu alas.. ikuu.."Heru (muntab) : "Iku omahmu Juuum..?!"Jumiatun : "Aku dudu monyet Mas.. sampeyan lewat alas lurus terus, mengko ketemu masjid.. lha sebelahe masjid iku.."Heru (emosi pol) : "Nek pisan iki ngomong dudu omahmu..tak santet temenan awakmu Jum..!!!"Jumiatun : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong kok ngamuk-an.. yo iku omahku.. wis ketemu durung Mas..?"Heru (lega campur lemes) : "Iyo.. aku wis nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo Ayang Jumm.. gawe pegele awakku.. Awas mari ngene, ketemu tak jiwiti sampeyan.. hehehe.."Jumiatun : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono emakku kok.."Heru : "Lho kok malah emakmu sing dikongkon nemoni..? Lha awakmu nang endi Jum..?"Jumiatun : "Aku.. aku.. wis suwi nang Hongkong dadi TKW Mas.."Heru lsg ngamuk

No comments:

Support web ini

BEST ARTIKEL