Narkoba tumrape masyarakat Jawa diarani : lara ireng,
madat, candu, nyeret. Candu lumebu ing tanah Jawa watara abad 17 dening VOC,
iki pinangka salah sawijining strategi VOC kanggo nguwasani tanah Jawa, kanthi
ngrusak wong-wong Jawa lumantar candu. Tahun 1677, Belanda lumantar VOC ngadani
prajanjen karo Raja Mataram Amangkurat
II. Isine prajanjen VOC njaluk nduweni
hak monopoli impor lan dedagangan candu ing tlatah Mataram. Manut pakar candu
Louis Charles Te Mechelen, inspektur Kepala Opium Regi lan Asisten Residen Juwana, Jawa Tengah,ing
tahun 1882 siji saka wong cacah 20 pemadat, tukang nyeret.
Nyeret utawa candu kalebu tumindak ala kang ora pantes
ditiru lan ditindakake dening sapa wae. Ana ing susastra Jawa Serat Wulangreh
pupuh Wirangrong pada 10 -11 kasambung pada 18 – 21, Sri Paku Buwana IV paring
wewaler (larangan) marang awake dhewe kang wose mangkene :
“Ana cacat
patang prakara kang ala banget lan kudu didohi yaiku : wong madat (pecandu
/narkoba), wong ngabotohan (main/judi), wong durjana (maling/penjahat) lan wong
kang nduweni ati sudagar/pedagang ala.
Wong madat
iku kesed, lumuh nyambut gawe, rusak jasmani lan rohanine, yen mati sengsara,
marga dadi tontonane wong akeh, nanging ewasemono ora padha kapok, mula patang
prakara tumindak ala mau singkirana”.
Ing
pewayangan, mligine perangan Mosala
Parwa, parwa kaping XVI saka buku Mahabharata dicritakake manawa Bangsa
Yadawa lan negara Dwaraka utawa Dwarawati (bangsa lan negarane Sri Kresna)
musna kelem keblabag lan kesapu tzunami, amarga bangsa Yadawa padha karem madat
lan inum-inuman keras kang tundhone padha lali yen isih sabangsa temahan padha paten –pinaten lan wusana
diadzab dening Dewa.
No comments:
Post a Comment